Langsung ke konten utama

Lirik Syi'ir Nasehat K.H.R Asnawi - Al Mubarok Qudsiyyah Kudus

Berbeda dengan Syi'ir Kanjeng Nabi, Syi'ir Nasehat ini merupakan karangan dari K.H.R. Asnawi, mu'assis Madrasah Qudsiyyah dan juga termasuk pendiri Jam'iyyah Nahdlatul 'Ulama. Syi'ir Nasehat ini sendiri berisi tentang nasehat kyai Asnawi untuk generasi setelahnya agar dijadikan pedoman hidup dan berkehidupan sesuai syari'at dan berakhlaq baik. Berikut liriknya.

Grup : Al Mubarok Qudsiyyah Kudus
Sya'ir : Simbah K.H.R. Asnawi
Lagu : Apank
Album : 11 Bingkisan Satu Abad


Ya Rosulalloh salamun 'alaik # Ya Rofi'as syani wad daroji
'Athfatan yaa jirotal 'alami # Ya Uhailal judi wal karomi 

Purwane tembang aran syi’iran # asmane Allah Gusti Pangeran
Pengalembana mungguh haqiqat # kaduhe Allah kang paring ni’mat
Rahmat lan salam katur utusan # Gusti Muhammad nabi pungkasan
Mengkono uga kawula warga # para sahabat ahli suwarga
 
Iki tembangan kang teka mburi # maring anakku kanggo nuturi
Aja mengucap sun anak ratu # lan pada mulya anak lan putu
Sebab mulyane menungsa iku # benturing tapa bagusing laku
Akeh ‘ilmune ‘amal tho'ate # langgeng sempurna raono pot e
 
Wong tua akeh kang pada mulya # anake ina cilaka sia
Sebab bodhone tanpa sinau # banjur mengucap mengkono mau
Mikiro maring sebab mulyane # wong tua kaya apa lakune
Mandango maring nabi lan rasul # lan para wali para pinunjul
 
Lan para ‘alim kang mlaku bagus # nganggo ilmune tindake alus
Contone kaya uwite mawar # arum kembange ba’dane mekar
Sekehe irung kepengin ngambung # amanda-manda akeh wong gandrung
Maring asale padha nyingkiri # kuwatir maring kecerek  eri
 
Anak kang bagus bapake ala # rinengga mulya akeh wong mlala
Alane bapak rabisa nglungsur # ing derajate anak kang luhur
Kosok baline luhure bapak # rabisa ngangkat asoring anak
Mulane pada mbudi pekerti # ‘ilmu lan ‘amal sangune mati
 
Iki wasiat maring anakku # lan maring para muslim dulurku
Ngelingi nasab uga silsilah # terkadang bener terkadang salah
Lamun supaya niru lakune # leluhur bagus budi kertine
Mengkono iku laku kang bener # dadine cocok nasabe nomer
(ganti lagu)

Ya Rosulalloh salamun 'alaik # Ya Rofi'as syani wad daroji
'Athfatan yaa jirotal 'alami # Ya Uhailal judi wal karomi 

Yen neja maring diri kungkungan # luhuring tedak gawe omongan
Iku keliru aja mbok tiru # ngedokna nasab lakune saru
Kena katembung ngedokno balung # ingkang wus ajur ora demunung
Wong kang mengkono bodo lan kumprung # bingung dak weruh maring delanggung
Seperti kaya tesma an  bathuk # ra weruh maring mburine jitok
 
Elinga sira dongenge kintel # anake kanda dak gelem ngandel
Pagebuk iku gedhe nemeni #  ra ngandel banjur akhire muni
Banjur angeden wetenge mlembung # dak gelem kalah gumedhe sombong
Jur takon gedhe  endi lan aku # jawabe anak urung sagugu
Banjur le ngeden di temenani # supaya raono kang madani
 
Bangete ngeden wetenge bedah # le ngeden ora den arah-arah
Amerga aja sampeya kalah # karo gedhine kebo delalah
Wong kang gumedhe dadine asor # dunya akhirat tumiba ngisor
Elinga iki dongeng jo lali # rina lan wengi den tuli-tuli 2x
 
Dongenge iblis mbangkang ing printah # saking pangeran tur wani bantah
Diprentah sujud maring nabine # adam tan nurut tampa bendune
Digawe isi ono neraka # sak turun2 kabeh cilaka
Sifat gumedhe iku nglabeti # tumeka anak putu mlarati
Wong kang gumedhe iku persasat #  agawe ina ing anak mlarat
(ganti lagu)

Ya Rosulalloh salamun 'alaik # Ya Rofi'as syani wad daroji
'Athfatan yaa jirotal 'alami # Ya Uhailal judi wal karomi 

Nabi Muhammad ngasor tindake # ora rumangsa luhur awake
Sekehe makhluk sak pengisore # gamblang lan terang mungguh luhure
Ewoh semono  dak ngaku luhur # liyane nabi padha kemluhur
Padha ngilo o kaca brenggala # terang rupamu bagus tah ala
Yen kuwe weruh ana wong salah # nacat ra ngrasa kuwe bersalah
 
Lamuna kuwe dhewe nglakoni # dicacat kuwe terus mbenduni
Isina kuwe yen ngaku jempol # ngajimu pelo pating perenjol
Ing meda jaluk ana ing duwur #  ngetengkreng karo ngubengna susur
Anakku lanang aja do ngrokok # aja susuran anakku wedok
Mundak cangkeme penceng lan perot # susure nglewer metu mecothot
 
Pada ngiloho wong kang susuran # yen weruh marang rahine heran
Sisih pipine mendokol mrongkol # sing lanang nyawang pegel mendongkol
Cangkem pipine owah rupane # ra nyenengake maring atine
Kewes lan denes anyenengake # bareng susuran anggethingake
Amerga kaya pipine kethek # saksisih mrongkol nalika nyekek
 
Pikir kang bening lan ngati ngati # ing guru lagi wajibing bekti
Pitutur kabeh kang wus kesebut # anak putuku supaya nurut
Sapa kang nurut dadi wong mulya # dunya akhirat ora di sia 2x
Ing kene rampung tutur wasiat akhire mekas aja maksiyat.

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Syi'ir Kanjeng Nabi - Al Mubarok Qudsiyyah Kudus

Berikut adalah syi'ir Kanjeng Nabi yang dibuat oleh KH. Ma'ruf Irsyad. Syi'ir ini memperkenalkan sejarah Nabi Muhammad dan keluarga Nabi dengan lebih mudah dan menyenangkan, berikut adalah syi'irnya. Grup : Al Mubarok Qudsiyyah Kudus Syi’ir : KH. Ma’ruf Irsyad Lagu : Apank, Fathur Rohman Album : 11 Bingkisan Satu Abad Sholatulloh salamulloh ’Ala Thoha Rosulillah Sholatulloh salamulloh ‘Ala Yasin Habibillah Kanjeng Nabi Muhammad di lahhirna ana ing Mekkah Dinten Isnain tanggal rolas wulan Maulud tahun gajah x2 Ibune Siti Aminah Ramane Sayyid Abdullah Garwani Siti Khadijah Karo Siti ‘Aisyah x2 Siti Hafsoh Siti Saudah Siti Romlah Siti Maemunah Hindun Zainab Siti Shofiyah lan Siti Juwairiyyah x2 Yen Putrane Sayyid Ibrahim Sayyid Qosim Sayyid Abdulloh Ummi Kultsum Siti Zainab Ruqoyyah Siti Fatimah x2 Hamzah Abbas iku pamane Utsman ‘Ali iku mantune Abu Bakar ‘Umar mara sepuhe Shofiyyah iku bibike x2 Has...

Lirik Zaenab - Gus Apank

Grup : Al Mubarok Qudsiyyah Kudus Lagu : Apank Album : 10 Generasi Asnawiyyah عَقِيلَةُ زَينَبٌ بِنتُ الْبَتُولِ   وَبِنتُ عَلىّ وَأُختُ حَسَن حُسَينِ وَسِبطُ خَدِيجَةٍ أُمِّ الكَمَال   وَقُرَّةُ عَينِ سَيِّدِنَا الاَمِينِ سَلامٌ مِن مُحِبِّكُمُ عَلَيكُم إلى أَعْتَابِ زَيْنَبَ جِئْتُ أَسْجُو   عَجِبْتُ بِصَبرِها فِي كَربَلَاءِ وَقَفْتُ بِبَابِكَ العِطْرِيِّ أَرجُو   بِبَركَةِ مِنكَ يا صَبرَالنِّساءِ سَلَامٌ مِن مُحِبِّكَ يَا صَبُورَة شَجَاعَةُ مِن عَلي وَحَسَن حُسَين   بَلَاغَتُها مِن الاُمِّ البَتُولِ وَهَيبَتُها مِن الجَدِّ الاَمِينِ   مِنَ الجَدَّةْ فَتُملَأُ بَالجَمَالِ سَلامٌ مِن مُحِبِّكِ يابَليغَة إلَهى فَاقْضِ حَاجَاتِي بِحُبِّي   إلى زَيْنَب فَعَجِّل بالفَضَاءِ وَصِلْ حَبْلِى إلىَ ألِ النَّبِي   وَعَفًّا مِن حَسُودٍ وَبَلَاءِ سَلَامٌ مِن مُحِبِّكِ يا شَجَاعَة